Memahami, Mengerti Dan Melestarikan Bahasa ” Panginyongan”

cilacap info featured
cilacap info featured

CILACAP.INFO – Panginyongan kuwe kata sing dipopularna nang budayawan Ahmad Tohari. Kata kiye nduwe kata dasar “Inyong” sing artine “Aku” utawa “Saya” nang bahasa Indonesia.

Panginyongan dewek kuwe representasi kan budaya Jawa Tengah bagian kulon sing meliputi wilayah Banyumas, Cilacap, Kebumen, Purbalingga, Banjarnegara, Brebes lan sekitare.

Bahasa Panginyongan kuwe sebenere ya pada karo istilah bahasa” Ngapak” utawa bahasa “Banyumasan”. Mung digawe aran bahasa” Panginyongan” merga dialek iki udu mung dienggo nang wilayah Banyumas tok, tapi meliputi pirang-pirang wilayah nang Eks Karesidenan Banyumas.

Menurut Pak Ahmad Tohari, bahasa Panginyongan dadi ciri khas wong Jawa nang Eks Karesidenan Banyumas lan sekitare sing kudu dijaga, diuri-uri ben aja ngasi ilang, sebab nek bahasa kiye ngasi ilang pada bae ilang identitase.

“Basa panginyongan genah dadi ciriwancine wong utawa brayat penginyongan. Mulane wujud utawa eksistensi Basa Panginyongan kudu dejaga, deenggo, deuri-uri kon tetep urip lan maju. Kuwe kewajibane sapa?Angger udu kewajibane inyong kabeh, kewajibane sapa?,” kata Ahmad Tohari

Dadi aja ngasi isin apamaning klalen karo bahasane dewek, apamaning generasi “Kid Jaman Now” sing ket cilik wes kenale bahasa Nasional. Kudu dilatih dibudayakana nganggo bahasa “Panginyongan” ben aja ngasi ilang ilat jawane.

Sing nang perantauan, ya aja pada isin nganggo bahasa “Panginyongan” utawa ngapak ben tetep lestari lan ora ilang identitase sebagai wong jawa ngapak.

Nyatane akeh paguyuban wong Ngapak sing nang perantauan budayakna bahasa panginyongan, bukti kecintaan aring bahasa “Penginyongan” sing gawe reket paseduluran lan keakraban sesama wong Jawa Ngapak.

Dadi mulai kawit siki, aja pada klalen aja pada isin terus dilestarikna bahasane dewek bahasa ” Panginyongan ” nang endi papan. Nek udu dewek sapa maning ding arep budayakna bahasa “Panginyongan”.

Tampilkan Semua
Cilacap Info
IKUTI BERITA LAINNYA DIGOOGLE NEWS

Berita Terkait